Kamis, 16 Februari 2017

CANDI TUGUREJO ATAU SITUS WATU TUGU

                           CANDI TUGUREJO


Hasil gambar untuk candi tugu

Wong Semarang sampun kadung nyebut situs Watu Tugu dadi Candi Tugu. Candi Tugu panggonane ning dusun Tugurejo kecamatan Tugu, Semarang. Candi Tugu saged diakses dening kaleh dalan, yaiku lewat Kampung Tugurejo lan lewat pabrik pengolahan watu/padas lan pasir. Posisi Candi Tugu ning nduwur, dadi menawa kepingin munggah menyang candi, kudu mlaku ning tangga seng wis disediake.
            Candi Tugu nduweni 2 gapura. Sawijining kiwo tengen wonten relief sing nyimbolke wong wadon lan Brahmana. Ning candi paling ngisor, wonten guo sing digunakake kangge semedi. Guo iku menurut pitutur para warga, penggon kui ono siluman macan, genderuwo lan sapanunggalane.
          Wonten candi utama lan wonten tugu prasasti. Situs iki jare jaman biyen dadi panggon kapal-kapal mampir utawa pelabuhan. Niku wonten buktine sampun ditemokake jangkar kapal ing taun 70an. Kui dikuatke bangunan candi ngadep ing sisih ngalor(lautan).
Selain pelabuhan, candi tugu miturut para warga daerah iku kanggo ngintai para mungsuh. Kui kadelok saking strategise candi ning daerah perbukitan. Wonten maleh pamahan para warga dening situs watu tugu/candi tugu, kui candi didadeke tapal batas kerajaan Majapahit lan Kerajaan Pajajaran. Miturut Buku saking Veronique Myriam Yvone Degroot katulis wis ditemuke kaleh Verbeek taun 1891 seko candi iki asale saking pondasi persegi. Masa jayane majapahit taun 1293-1500 lan pajajaran taun 1030-1579. Yen ditamati memang bener kui candi didadike tapal batas.
Dening narasumber penulis, namine Rizal nuturke meniki” kui candi biyen go semedi. Selain semedi, situs candi iku yo digunakake kanggo wong muda mudi pacaran amarga panggone sing sepi. Nek masalah tapal batas, aku raweruh. Sing tak retini kui cand bangunan angker”
Miturut pituture Rizal emang bener candi kui memang bener kanggo panggone para dedemit utawa bansa lelembut lan dadi panggonan wong pacaran. Candi tugu sakniki katah coretan-coretan tipe x ing stupane lan reliefe. Jaman biyen pernah diadakake syukuran gede gedean sing diarak saking kampung tapak nganti candi tugu kanggo persembahan lan wujud syukur marang gusti sing maha agung. Tujuan syukuran kui kanggo keselametan candi supaya bias lestari lan rame di tekoni para tamu.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar